Jumat, 23 September 2011

Lirik Ngamen 2 Sagita Asholole "Icik icik Ehem"

Mak iki anakmu prawan
wiwit mbiyen ono ing perantauan
iling ngiwangi neng kantin sekolahan
telong sasi mak aku urung bayaran


Mak dongamu mandhi tenan di bring jabani marang gusti pengeran

koyok ngene rasane wong ora duwe
duwe pisan di ece karo kancane


Iling-iling manungso bakale mati
yen wes mati di kubur sanak family
di pendem jero di apit bumi


Ono kubur iku akeh pandoso
ulo klabang kolojengking podo moro
ono setan membo-membo dadi perawan
benno krasan yen ono kuburan


Neng akhirat ora ono montor liwat
neng akhirat ora ono sego berkat
neng akhirat ora ono mejo biliard
onone godo ne moloikat


Sak sugeh, sugih e uwong mesti ono mlarate
sak mlarat, mlarat e uwong mesti ono karepe


Mangkane golek bojo ojo mandeng rupo
rupo elek kuwi yow ora dadi ngopo


Mangkane golek bojo ojo mandeng bondo
seng pentingg, ora ngenteni warisan moro tuwo


Kowe pancen keren le, koyok bekas pacarku mbiyen
eman, eman tenan, kerenmu mung kanggo obralan


Obral, obral janji le urung mesti uripmu mulyo
mulo aku wes kondo, melu aku urip nang deso
ngewangi gawe boto, menek kelopo, nyeblok bongko